Pidato Bahasa Jawa
Sambutan Perwakilan Panitia Isro’ Mi’raj :
Assalamualaikum Wr. Wb.
Assalamualaikum Wr. Wb.
A’udzubillahiminasysyaithonirrojim Bismillah hirrohmanirrohim
Bifadllillahi wabisayafaati
rosulillah ila akhirihi....
Qolallahutaala filqur’anil
karim Bismillarirrohmanirrohim Innassholata tanha ‘anil fahsyaa i wal munkar.
Hadlrotal Mukaromin poro Alim Ulama, Poro Kyai, wabil husus dumateng
panjenenganipun (Romo Kyai
H.........................................................saking
...................................................... ingkang tansah kito
tenggo-tenggo Mauidloh Hasanahipun), poro sepuh pini sepuh, sumowono saguning
hadlirin wal hadlirot ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Ing mriki kawulo matur dumateng panjenengan sami, kawula kaparengan kapercayan
saking sederek panitia nuwun inggih pinercados minangkani prakata panitia ing
wedal dalu punika (dalam rangka pengajian Isro’ Mi’roj Nabi Agung Muhammad SAW)
Hadirin wal hadirot rohimakumullah.....
Ananging sakderengepun kawulo matur nopo ingkang bade kawulo aturaken,
sumonggo kito sesarengan tansah ngaturaken raos tasyakkur wonten ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paringi rohmat,
taufiq, saha inayahipun, sahinggo kulo lan panjenengan sami saget makempal wonten
majlis punika kanti panaringan sehat wal afiat.
Shalawat saha Salam katur dumateng ngarsanipun junjungan kito Nabi Agung
Nabi Akhiruzzama Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kito antu-antu sayafaatipun
mbenjang ing yaumul qiyamah. Amin Allahumma amin..
Hadirin wal hadirot rohimakumullah.....
Wonten ing mriki kulo atas nami panitia acara isro’ mi’roj ngaturaken matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun
dumateng
Ibu Kepala Desa ingkang sampun kerso ngrawuhi menopo ingkang dados
undanganipun warga rw 07 kampung cokohan.
Dumateng bapak saha ibu panitia ugi mudo karang taruna rw 07 kampung
cokohan ingkang sampun ambudidaya amrih adicara punika lumampah kanthi sae. Ugi
sedanten warga ingkang sampun paring pambyantu awujud menopokemawon.
Hadirin wal hadirot rohimakumullah.....
Mboten kesupen, kula minangka panitia peringatan Isro’ Mi’roj nyuwun doa
restunipun dumateng para rawuh sedaya, mugi-mugi adicara ing dalu punika saget
lumampah kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.
Pungkasanipun kula minangka panitia peringatan Isro’ Mi’roj Nabi Muhammad
SAW nyuwun pangapunten dumateng para rawuh amargi mboten saget maringi hidangan
saha panggenan ingkang sae.
Mekaten ingkang saget kawula aturaken mbok bilih wonten titi, tata,
titisipun atur kulo nyuwun pangapunten ingkang katah.
Ihdinasshirotol mustaqim
Wassalamu’alaikum Wr Wb.
Komentar
Posting Komentar